Suscríbete

Senin, 25 November 2019

Emas 1KG


Emas 1KG

Ing dino minggu seng cerah, warga desa Blimbingrejo mliginipun warga RT 09 RW 02 ngadakake kerja bakti ngresiki kalen lan selokan sing akeh sampah lan lumpure. Pak Tress mingangka ketua RT gerakaken warga desa kanggo derekaken kerja bakti punika ben podho melu.
Lagi sepisan iki Pak Tress jabat ketua RT sing ngadakake kerja bakti, sadurunge Pak Tress dereng jabat ketua RT warga desa mboten sae kanggawe kerja bakti. Wonten sing alasan ribet nyambut damel, alesan ngrumati anak, wonten acara liya lan sak sanes-sanesipun. Akhire esuk punika Pak Tress lan warga desa derekaken kerja bakti.
“Perangan pundi pak ingkang dipun resiki?” pandangune Pak Tho marang Pak Tress.
“Mriki Pak Tho! panggenan kalen sing wonten lumpure niku!” wangsulane Pak Tress karo astane nuduhake kalen punika.
“Pak niki enten kagungan jadah kangge bapak-bapak ingkang kerja bakti.” Wangsulane Ibu Tri marang Pak Tress.
“Inggih bu, matursuwun sanget, mugi berkah bu.” Dumadine Pak Tress marang Bu Tri.
“Inggih pak sami-sami” kaleh mesem ing Pak Tress lan bapak-bapak liyane.
Jam punuika nuduhake gebag 09.00 WIB, Pak Tress lan warga desa punika teseh kerja bakti ngresiki kalen lan lingkunganipun. Ibu-ibu wonten sing nyiapake jajan cilik-cilikan. Ingkang ndherekake kerja bakti tambah katah.
Pak Tress bungah banget warga desane bisa rukun ndherek kerja bakti minggu niki. Dumadakan…
“AAAHHHH!” Pak Tresno jerit banter kanthi warga liyane padha mlongo ningali Pak Tresno.
“Wonten nopo Pak Tresno?” pandangune Pak Tress lan warga liyane.
“Niki kula nyaged emas sebatang ing cedhak batu niku!” wangsulane Pak Tresno kaleh pencet lan bungah.
“Walah dora wae Pak Tresno niki.” Hahahahaha.” Ngguyune Bu Tri marang Pak Tress.
“Bener bu niki lho!” kaleh nuduhake emas marang para warga.
Warga desa podho mlongok ningali emas sing dipuncepeng Pak Tresno niku. Bu Tri ingkang waunipun maiben dados pitados uga warga liyane podo pitados sami Pak Tresno lan uga kerso nggadahi emas kasebut.
Akhiripun warga desa podho geger rakaruan amerga Pak Tresno nyaged emas niku.
“Menawi mekaten emas niki dados gaadhah kita sedaya mboten dados Pak Tresno!” pandangune Bu Tri marang Pak Tresno.
“Mboten sanguh! Emas niki tetep dados gadhah kula, kula ingkang mengajengipun.” Wangsulane Pak Tresno marang Bu Tri lan warga liyane.
Akhiripun Bu Tri kersa mendhet emas saking tangan Pak Tresno, lan para warga podho rebatan emas niku ngantos emasipun tiba ing semak-semak.
“Aduhhhh emas kula!” kaliyan madosi emas ing tiba niku.
“Niki punapa ing rebatan emas puniku?” ampun nganti gara-gara emas niki kita podho lali menawi kita niki yaiku sedulur. Kita kedah jaga kerukunan lan kekeluargaan supaya gesang kita sedaya dados tentrem.”  wangsualne Pak Tress marang para warga.
Pak Tress minangka ketua RT ngendikan meniko warga desa dipun kumpulake ing papan panggonane Pak Tress anggawe nimbang emas lan dimusyawarahke emas niku dipun dados napa?.

Sak wise ing dalem e Pak Tress emasipun ditimbang, abot emasipun 1KG. Warga desa tambah geger dewekne padha ribut ngrebutake emas punika.
“Emas niki kula sing goleki dados emas niki genku!” pandangune Pak Tresno kaleh astane nuduhake emas ing meja niku.
“Mboten! emas niki mestine diperang, amerga lagi goleki emas Pak Tresno lagi kerja bakti kaleh para warga desa liyane dados emas niku mestine diperang rata!” wangsulane Pak Tho marangwarga liyane.
“Leres Pak Tho! Nggeh Pak Tho!” pandangune warga desa ing daleme pak Tress.
Warga desa tetep padha ngrebutake emas niku lan padha geger ing daleme Pak Tress. Nalika warga desa pada geger lan rebutan emas, Pak Tress ngendikan ing warga desa panggalih solusi masalah punika.
“Ketimbang emas niki gawe geger padha rebutan lan sak sampunipun, luwih becik emas niki kita gawe kangge kas desa, kangge kerja bakti punika, kangge sosial kemasyarakatan, kangge sumbang masjid lan saksanes-sanesipun.”
“Para warga desa sedulur kulo padha setuju?” pandangune Pak Tress minangka ketua RT marang warga desa.
Para warga desa ing daleme Pak Tress padha meneng kabeh arang pndangune Pak Tress.
“Kula manut won Pak Tress!” wangsulane Bu Tri.
“Warga desa liyane pripun Pak Bu? Padha setuju nopo mboten?” pandangune Pak Tress marang warga.
“Nggeh pak kulo setuju, kula setuju pak!” wangsulane Pak Tho, Pak Tresno lan para warga liyane.
“Alhamdulillah niki padha setuju, niki emasipun kula simpen kangge kemasyarakatan menawa saumpama dikanggoke. Ojo nganti kerukunan, kekeluargaan warga desa punika padha rusak amergi barang emas utawi sak sanes-sanesipun. Jaga kerukunan antar warga aja padha geger amergi rukun niku salah sawijining kunci bahagia.” Wangsulane Pak Tress marang para warga desa.
Sak sampunipun kerja bakti minggu niku Pak RT lan para warga ngadakake selametan tanda rasa syukuripun dhomateng gusti Maha Kuasa amerga warga desa nyaged kaleimpahan rahmat ingkang katah bilih malih para warga dipun nyeged emas 1KG. Kabeh warga desa Blimbingreja mliginipun Rt 09 Rw 02 di timbale ing acara selametan kasebut.
“Alhamdulillah warga desa sedulur kula, kita bisa ngadakake acara kang niki ingkang dalem suasana seneng lan bahagia.” Pandangune Pak Tress marang para warga ing daleme Pak Tress.
“Inggih Pak Tress, kul derekaken seneng amerga kita sesame warga padha rukun saksampun kerja bakti minggu niku.” Wangsulane Bu Tri marang Pak RT kaleh mesem kaliyan para warga.
“Alhamdulillah bu,”
“Lhoo niki kok wonten sing kurang? Pak Tresna ten pundhi? Napa Pak Tresna mboten kersa ndherek ten mriki?” pandangune Pak Tress.
“Mboten Pak Tress, Pak Tresno niki saweg sakit ten rumahsakit.” Wangsulane Bu Mirna adhine Pak Tresno.
“Ohh ngoten, sakit napa Pak Tresna Bu Mirna?”
“Wangsulane Pak Dokter niku sakit Tifus Pak?”
“Ohh nek ngoten mangke sareng-sareng nuweni Pak Tresna mugi diparingi kesehatan, Aminn.” Wangsulane Pak RT marang para warga.
Akhiripun Pak RT lan pra warga padha ning rumahsakit nuweni Pak Tresna sing lagi dirawat amerga sakit Tifus.

IG : Hudaku37, FB : Saiful Huda, Email : huda75014@gmail.com Youtube : Saiful Huda.

Diberdayakan oleh Blogger.

Text Widget

Sample Text

Jalan Jenderal Ahmad Yani, Surakarta 57162, Indonesia
Kampus 2 UMS (Universitas Muhammadiyah Surakarta)
Fakultas Ekonomi dan Bisnis (FEB-UMS)

Followers

Stats

Didukung Oleh

Didukung Oleh

Blog Archive

Link Blog

BTemplates.com

Popular Posts